Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak/Ibu guru lan poro rawuh ingkan kulo mulyaaken dening Allah SWT.
Tepangaken asmi kulo Darmaji
murid kelas gangsal Sekolah Dasar. Wonten akhir tahun pembelajaran
puniko kulo badhe paring pidato masalah “Sekolah ijo”
Poro rawuh ingkang munulyo,
Ingkang diarani “Ijo” puniko
mboten mung salah sijining werno, nanging wonteng hubungane kalian
seger, nyaman, lan lingkungan kang sehat. Ting pundhi-pundhi cukul
wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng-ageng
kinoto rapi wonten tengen lan kiwane trotoar dalan. Mboten wonten macet
dan sampah pating semerawut wonteng dalan.
Kagem kulo, lingkungan ijo
berarti kulo saget main lan seneng-seneng karo konco-konco, manas wonten
ngisore srengenge tanpo kuawatir kulit dadi ireng. Kelas dadi nyaman
kanggo sinau lan muleh sekolah tanpo kringetan.
Poro rawuh ingkang minulyo,
Kulo dilahirkan Wonten kota
niki, Sangata – Kota Tambang Batubara. Lan kulo saklami-lamine tetep
dados penduduk Sangata. Meski Kulo nembe nyedot howo Sangata sedoso
tahun, ongko kang saget diitung ngangge deriji. Nanging kulo badhe
nderek urun rembug masalah Sangata.
Miturut Ibu, tiyang-tiyang
saking pelosok penjuru Indonesia podho sami dateng wonten Sangata sami
pahos pendamelan lan pungupo jiwo. Amargi, ting Sangata wonten tambang
batubara – KPC, bapak kulo nyambut damel ting mriko. Wonten perusahaan
sampun nerapaken aturan kesehatan lan keselametan lingkungan. Amargi
kesehatan puniko penting sanget, mboten mawon dateng poro pekerja
nanging ugi dateng poro siswo.
Sinten ingkang badhe tanggung jawab njogo lingkungan sekolah niki lan dan Sangata dadi resik, ijo, lan sehat?
Jawabane inggih puniko
“Kito...Kito........warga sekolah, masyarakat, lan pemerintah”. Bilih
kito purun disiplin, mongko kito saget wujudaken sekolah kito dadi
sekolah iji, lingkungane aman, lan nyaman kangge sinau. Lan diwiwiti
sangking sekolah niki, kebersihan lan lingkungan sehat Kota Sangata
saget diwujudaken. Mugi-mugi mimpi kulo lan kito sami saget dipun
sembadani dening Allah.
Kulo percados, bilih kito duweni
coro ingkang bedo-bedo, nanging tujuane podho. Contone, kulo
tanggungjawab marang lingkungan sekitar kulo, poro rawuh tanggungjawab
marang lingkungane dewe-dewe. Masyarakat lan pemerintah tanggungjawab
ning lingkungane, mongko kota niki bakal dados kota ingkang ijo lan
sehat.
Poro rawuh ingkang minulyo,
Kulo percados bilih poro rawuh
sarujuk kaleh usulan kulo ndadhosake sekolah niki ijo lan resik.
Panggonan ~ poro rawuh gesang, Panggonan ~ poro rawuh padhos nafkah,
Panggonan ~ anak-anak nulis cito-citone, lan “the place where your
future begins” kados papan kang dipampang wonteng ngajenge sekolahan.
Puniko wau urun rembug kulo, mugi-mugi saget maringi manfaat dateng kito sami. Amin ......
Akhirul kalam...
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
0 Komentar:
Posting Komentar